Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Galati 4:21-31 Kitab Sutji (JAV)

21. Coba kandhaa marang aku, he kowe kang padha kapengin urip kawengku ing angger-anggering Toret, apa kowe padha ora ngrungokake angger-anggering Toret?

22. Rak ana tulisan, yen Rama Abraham iku kagungan putra loro ta, kang siji saka abdi lan sijine saka wanita mardika?

23. Nanging putra saka abdi iku miyose manut tata daging dene putra saka wanita kang mardika iku awit saka pracaya.

24. Iki sawijining pasemon. Sabab wanita loro iku mrasemoni prajanjian loro: kang siji kang asale saka gunung Sinai lan anak-anak padha batur tukon iku, yaiku Ibu Hagar --

25. Ibu Hagar iku yaiku gunung Sinai ing tanah Arab -- lan padha karo Yerusalem kang saiki, urip ing pangawulan saanak-anake.

26. Nanging Yerusalem kaswargan iku wanita kang mardika lan iya iku ibu kita.

27. Awit ana tulisan:“Bebungaha, he wong gabug kang ora tau nglairake!Bebungaha lan surak-suraka, he kowe kang ora tau nglarani! Sabab kang ditinggal bojone, bakal duwe anak luwih akeh tinimbang kang duwe bojo.”

28. Lan kowe para sadulur, kowe padha kaya Rama Iskak padha dadi putraning prasetyan.

29. Nanging padha kaya biyen, kang kalairake tata daging, nguya-uya marang kang kalairake tata Roh, samono uga saiki iki.

30. Nanging kapriye surasane nas Kitab Suci? “Tundhungen batur wadon iku saanake, sabab anake batur wadon iku ora bakal melu kapanduman warisan karo anake wanita kang mardika iku.”

31. Awit saka iku, sadulur-sadulur, kita iki dudu anak-anake batur wadon, nanging padha dadi putra-putrane wanita kang mardika.

maca bab lengkap Galati 4