Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Galati 4:17-31 Kitab Sutji (JAV)

17. Wong-wong iku kanthi mempeng padha ngudi narik kowe, nanging ora kalawan tulusing ati, awit karepe bakal ngetokake kowe, supaya kowe ngeloni marang wong-wong mau kalawan tumemen.

18. Pancen becik manawa wong kalawan sregep ngudi nenarik wong liya ing bab-bab kang becik, anggere terus mangkono, lan ora mung yen aku lagi ana ing antaramu bae.

19. He anak-anakku, iya marga saka kowe aku ngrasakake lara kaya nglarani maneh, nganti Sang Kristus maujud cetha ana ing kowe.

20. Kaya apa kangenku kapengin ana ing tengah-tengahmu ing wektu iki lan banjur bisa rerembugan kalawan swara seje, awit aku wus kentekan akal ing ngatase kowe iku.

21. Coba kandhaa marang aku, he kowe kang padha kapengin urip kawengku ing angger-anggering Toret, apa kowe padha ora ngrungokake angger-anggering Toret?

22. Rak ana tulisan, yen Rama Abraham iku kagungan putra loro ta, kang siji saka abdi lan sijine saka wanita mardika?

23. Nanging putra saka abdi iku miyose manut tata daging dene putra saka wanita kang mardika iku awit saka pracaya.

24. Iki sawijining pasemon. Sabab wanita loro iku mrasemoni prajanjian loro: kang siji kang asale saka gunung Sinai lan anak-anak padha batur tukon iku, yaiku Ibu Hagar --

25. Ibu Hagar iku yaiku gunung Sinai ing tanah Arab -- lan padha karo Yerusalem kang saiki, urip ing pangawulan saanak-anake.

26. Nanging Yerusalem kaswargan iku wanita kang mardika lan iya iku ibu kita.

27. Awit ana tulisan:“Bebungaha, he wong gabug kang ora tau nglairake!Bebungaha lan surak-suraka, he kowe kang ora tau nglarani! Sabab kang ditinggal bojone, bakal duwe anak luwih akeh tinimbang kang duwe bojo.”

28. Lan kowe para sadulur, kowe padha kaya Rama Iskak padha dadi putraning prasetyan.

29. Nanging padha kaya biyen, kang kalairake tata daging, nguya-uya marang kang kalairake tata Roh, samono uga saiki iki.

30. Nanging kapriye surasane nas Kitab Suci? “Tundhungen batur wadon iku saanake, sabab anake batur wadon iku ora bakal melu kapanduman warisan karo anake wanita kang mardika iku.”

31. Awit saka iku, sadulur-sadulur, kita iki dudu anak-anake batur wadon, nanging padha dadi putra-putrane wanita kang mardika.

maca bab lengkap Galati 4