Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Filipi 4:9-20 Kitab Sutji (JAV)

9. Lan apa kang wus padha koksinau lan kang koktampani, lan kokrungu sarta kokdeleng ana ing aku, iku lakonana; temahan Gusti Allah etuking tentrem-rahayu bakal nunggal karo kowe kabeh.

10. Aku bunagh banget ing sajrone Gusti, dene wusanane angen-angen lan pangrasamu tumrap aku tuwuh maneh. Kowe pancen tansah padha migatekake, nanging ora ana kobermu.

11. Bab iki dakkandhakake ora marga kacingkrangan, awit aku wus sinau nyukupi awakku dhewe ing sadhengahing kaanan.

12. Aku ngreti kacingkrangan iku apa lan iya ngreti kaluberan iku apa. Ing sadhengah bab lan ing sadhengah prakara ora ana kang winadi tumrap aku; ing bab kawaregan, ing bab kaluwen, ing bab kaluberan apa ing bab kekurangan.

13. Sakehing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengane kang paring kakuwatan marang aku.

14. Nanging iya prayoga tumindakmu, dene kowe wus padha melu ing karibedanku.

15. Lan kowe dhewe uga padha sumurup, he wong-wong Filipi, nalikane aku miwiti ngabarake Injil, nalikane aku mangkat saka ing tanah Makedhonia, ora ana pasamuwan siji-sijia kang etung-etungan karo aku bab mlebu-metuning dhuwit, kajaba kowe.

16. Amarga ana ing kutha Tesalonika pisan pindho kowe wus ngirimake pitulungan marang aku.

17. Mung bae kang daklengake dudu paweweh iku, nanging wohe, kang sangsaya nggedhekake kauntunganmu.

18. Saiki aku wus tampa kabeh kang prelu saka kowe, malah luwih saka iku, aku kaluberan, awit aku wus tampa kirimanmu lumantar Epafrodhitus, pisungsung kang arum, korban sesaosan kang nengsemake lan ndadekake renaning Allah.

19. Gusti Allahku bakal nyekapi kabeh kabutuhanmu laras karo kasugihaning kamulyane ana ing Sang Kristus Yesus.

20. Gusti Allah iya Rama kita kaluhurna ing salawas-lawase! Amin.

maca bab lengkap Filipi 4