Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Filipi 4:13-23 Kitab Sutji (JAV)

13. Sakehing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengane kang paring kakuwatan marang aku.

14. Nanging iya prayoga tumindakmu, dene kowe wus padha melu ing karibedanku.

15. Lan kowe dhewe uga padha sumurup, he wong-wong Filipi, nalikane aku miwiti ngabarake Injil, nalikane aku mangkat saka ing tanah Makedhonia, ora ana pasamuwan siji-sijia kang etung-etungan karo aku bab mlebu-metuning dhuwit, kajaba kowe.

16. Amarga ana ing kutha Tesalonika pisan pindho kowe wus ngirimake pitulungan marang aku.

17. Mung bae kang daklengake dudu paweweh iku, nanging wohe, kang sangsaya nggedhekake kauntunganmu.

18. Saiki aku wus tampa kabeh kang prelu saka kowe, malah luwih saka iku, aku kaluberan, awit aku wus tampa kirimanmu lumantar Epafrodhitus, pisungsung kang arum, korban sesaosan kang nengsemake lan ndadekake renaning Allah.

19. Gusti Allahku bakal nyekapi kabeh kabutuhanmu laras karo kasugihaning kamulyane ana ing Sang Kristus Yesus.

20. Gusti Allah iya Rama kita kaluhurna ing salawas-lawase! Amin.

21. Salamku marang saben wong suci ana ing Sang Kristus Yesus. Salam marang kowe saka sadulur-sadulur kang bebarengan karo aku.

22. Salam marang kowe saka sakehing para suci, luwih maneh saka kang klebu para abdine Sang Prabu.

23. Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus anaa ing rohmu kabeh!

maca bab lengkap Filipi 4