Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Filipi 4:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Awit saka iku sadulur-sadulurku kang daktresnani lan kang dakkangeni, kang dadi kabungahanku lan makuthaku, padha disantosa ana ing Gusti, he sadulur-sadulurku kang kinasih.

2. Euodhia dakpituturi lan Sintikhe iya dakpituturi, dipadha golong-gilig ana ing Gusti.

3. Lan aku uga duwe panjaluk marang kowe, Sunsugos, kancaku kang tumemen: iku padha tulungana. Awit wong iku wus padha tarung bebarengan karo aku ana ing pakabaran Injil, sarta bebarengan karo Klemens lan kanca-kancaku nyambutgawe liyane, kang jenenge padha kapacak ana ing buku kauripan.

4. Padha tansah bungah-bungaha ing sajroning Gusti! Dakpindhoni maneh pituturku: Padha bungah-bungaha!

5. Kabecikanmu iku disumurupana ing wong kabeh. Gusti wus celak!

6. Aja padha nyumelangake bab apa bae, nanging padha lairna sakehing pepenginanmu marang Gusti Allah ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur.

7. Temahan tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa marang ati lan pangangen-angenmu ana ing Sang Kristus.

8. Wasana, sadulur-sadulur, sabarang kang nyata, sabarang kang luhur, sabarang kang adil, sabarang kang suci, sabarang kang sinebut kautaman lan pantes dialem, iku kabeh padha pikiren.

9. Lan apa kang wus padha koksinau lan kang koktampani, lan kokrungu sarta kokdeleng ana ing aku, iku lakonana; temahan Gusti Allah etuking tentrem-rahayu bakal nunggal karo kowe kabeh.

10. Aku bunagh banget ing sajrone Gusti, dene wusanane angen-angen lan pangrasamu tumrap aku tuwuh maneh. Kowe pancen tansah padha migatekake, nanging ora ana kobermu.

11. Bab iki dakkandhakake ora marga kacingkrangan, awit aku wus sinau nyukupi awakku dhewe ing sadhengahing kaanan.

12. Aku ngreti kacingkrangan iku apa lan iya ngreti kaluberan iku apa. Ing sadhengah bab lan ing sadhengah prakara ora ana kang winadi tumrap aku; ing bab kawaregan, ing bab kaluwen, ing bab kaluberan apa ing bab kekurangan.

13. Sakehing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengane kang paring kakuwatan marang aku.

14. Nanging iya prayoga tumindakmu, dene kowe wus padha melu ing karibedanku.

maca bab lengkap Filipi 4