Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Filipi 3:5-16 Kitab Sutji (JAV)

5. ditetaki ing dina kang kawolu, trahe bangsa Israel, saka taler Benyamin, wong Ibrani tulen, kawawas saka angger-anggering Toret aku wong Farisi,

6. mungguhing kasregepan aku iki tukang nguya-uya pasamuwan, mungguhing kanyataan bab netepi angger-anggering Toret aku tanpa cacad.

7. Nanging apa kang biyen dadi kabegjan tumraping aku, saiki dakanggep kapitunan marga saka Sang Kristus.

8. Malah samubarang kabeh dakanggep kapitunan, marga wanuh marang Sang Kristus Yesus, Gustiku, iku mulyane ngungkuli kabeh-kabeh mau. Iya marga saka Panjenengane iku aku wus mbuwang samubarang kabeh iku lan dakanggep larahan, supaya aku oleh Sang Kristus

9. lan dumunung ana ing Panjenengane iku ora marga saka kabeneranku dhewe kang jalaran saka nglakoni angger-anggering Toret, ananging marga saka pracaya marang Sang Kristus, yaiku kabeneran peparinge Gusti Allah adhedhasar pracaya.

10. Kang dakkarepake yaiku wanuh marang Panjenengane lan dayane wungune lan manunggil ing sajrone sangsarane, temahan aku dadi madha rupa lan Panjenengane ana ing sedane,

11. supaya wekasane aku oleh patangen saka ing antarane wong mati.

12. Ora kok kaya-kaya aku wus kadunungan bab iki utawa wus sampurna, nanging iku dakburu, bokmanawa bisa kecandhak, awit aku iya wus dicandhak dening Sang Kristus Yesus.

13. Para sadulur, aku dhewe ora rumangsa manawa aku wus bisa nyekel,

14. nanging iki kang daklakoni: kalawan nglalekake apa kang wus ana ing buriku lan manglung marang apa kang ana ing ngarepku, aku mburu marang tujuan supaya oleh ganjaran, yaiku timbalan kaswargan kang saka ing Gusti Allah ing sajrone Sang Kristus Yesus.

15. Awit saka iku ayo kita, kang padha sampurna iki duwea pamikir mangkono. Lan manawa tumrap ing salah sawijining prakara panemumu seje, Gusti Allah kang bakal nyethakake prakara iku marang kowe.

16. Mung bae apa kang wus kita gayuh iku kita terusna metu ing dalan kang wus kita liwati.

maca bab lengkap Filipi 3