Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Filipi 3:1a-7 Kitab Sutji (JAV)

1a. Wasana sadulur-sadulurku, padha bungaha ana ing patunggilane Gusti.

1b. Mindhoni nulis maneh bab iki marang kowe iku tumraping aku ora abot lan aweh katamtuan marang kowe.

2. Dipadha ngati-ati marang asu-asu, dipadha ngati-ati karo wong-wong kang ala panyambut-gawene, dipadha ngati-ati karo juru netaki kang palsu.

3. Awit iya kita iki kang tetakan ing sabenere, kang padha ngabekti dening Rohe Gusti Allah lan nggunggung ana ing Sang Kristus Yesus lan ora ngandel marang prakara-prakara kadagingan

4. sanadyan aku uga duwe dhasar kumandel marang prakara-prakara kadagingan.Yen ana wong liya rumangsa bisa ngandel marang prakara-prakara kadagingan, aku iki luwih maneh:

5. ditetaki ing dina kang kawolu, trahe bangsa Israel, saka taler Benyamin, wong Ibrani tulen, kawawas saka angger-anggering Toret aku wong Farisi,

6. mungguhing kasregepan aku iki tukang nguya-uya pasamuwan, mungguhing kanyataan bab netepi angger-anggering Toret aku tanpa cacad.

7. Nanging apa kang biyen dadi kabegjan tumraping aku, saiki dakanggep kapitunan marga saka Sang Kristus.

maca bab lengkap Filipi 3