Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Filipi 3:12-21 Kitab Sutji (JAV)

12. Ora kok kaya-kaya aku wus kadunungan bab iki utawa wus sampurna, nanging iku dakburu, bokmanawa bisa kecandhak, awit aku iya wus dicandhak dening Sang Kristus Yesus.

13. Para sadulur, aku dhewe ora rumangsa manawa aku wus bisa nyekel,

14. nanging iki kang daklakoni: kalawan nglalekake apa kang wus ana ing buriku lan manglung marang apa kang ana ing ngarepku, aku mburu marang tujuan supaya oleh ganjaran, yaiku timbalan kaswargan kang saka ing Gusti Allah ing sajrone Sang Kristus Yesus.

15. Awit saka iku ayo kita, kang padha sampurna iki duwea pamikir mangkono. Lan manawa tumrap ing salah sawijining prakara panemumu seje, Gusti Allah kang bakal nyethakake prakara iku marang kowe.

16. Mung bae apa kang wus kita gayuh iku kita terusna metu ing dalan kang wus kita liwati.

17. Para sadulur, padha nulada marang aku lan ngiloa marang wong kang lakune padha kaya aku kabeh, kang padha dadi tetuladhanmu.

18. Awit, kaya kang wus kerep banget dakkandhakake marang kowe kabeh, lan kang saiki dakpratelakake maneh kalawan nangis, akeh wong kang uripe dadi satruning salibe Sang Kristus.

19. Wekasane wong-wong iku nemahi karusakan, kang dadi allahe wetenge, kang dadi kamulyane kanisthane, pangangen-angene mung tumuju marang prakara kadonyan.

20. Sabab kita iki wargane Kratoning Swarga lan saka kono uga kita nganti-anti Gusti Yesus Kristus kang dadi Juru Slamet,

21. kang bakal nyantuni badan kita kang nistha iki, temahan dadi madha rupa karo sarirane kang mulya, manut panguwaose kang bisa nelukake samubarang kabeh marang Panjenenane.

maca bab lengkap Filipi 3