Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Filipi 2:19-30 Kitab Sutji (JAV)

19. Nanging ana ing sajroning Gusti Yesus aku kapengin endang bisaa kongkonan Timoteus nemoni kowe, supaya ayem atiku manawa wis krungu bab kaananmu.

20. Awit aku ora duwe wong liyane maneh kang tunggal budi lan tunggal pangangen-angen lan kang temen-temen nggatekake kabutuhanmu;

21. sabab kabeh mburu kabutuhane dhewe dudu kabetahane Sang Kristus Yesus.

22. Kowe rak wus padha ngreti bab kasetyane kang wus kateter lan manawa dheweke wus kaya anak marang bapakne anggone ngrewangi aku ing bab anggonku ngladeni Injil.

23. Iya iku kang tumuli arep dakkongkon, sawuse cetha tumraping aku kapriye dadine prakaraku,

24. nanging ana ing Gusti aku ngandel, manawa aku dhewe uga bakal enggal teka.

25. Mung bae dakkira prelu aku kongkonan Epafrodhitus marang kowe, yaiku sadulurku lan kanca nyambut-gawe sarta kancaku perang, kang kokkongkon nulungi aku ing bab kabutuhanku.

26. Awit banget kangene marang kowe kabeh lan uga prihatin marga kowe krungu anggone lara.

27. Pancen iya lara temenan nganti meh mati, nanging Gusti Allah paring kawelasan, lan ora mung dheweke bae, nanging uga aku, supaya kasusahanku aja tumpa-tumpa.

28. Yaiku sababe aku sangsaya enggal-enggal kongkonan dheweke, supaya samangsa kowe ndeleng dheweke, padha bisa bungah maneh lan sudaa prihatinku.

29. Mulane tampanana ana ing patunggilaning Gusti kalawan sarupaning kabungahan lan wong kang kaya mangkono iku padha ajenana.

30. Marga saka ayahane Sang Kristus dheweke meh tinggal donya lan ngetohake nyawane kanggo ngganepi apa kang isih kurang sajroning anggonmu padha leladi marang aku.

maca bab lengkap Filipi 2