Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Filipi 2:12-21 Kitab Sutji (JAV)

12. He para sadulur kang kinasih, kowe iku tansah padha mituhu, mulane padha tansah udinen karahayonmu kalawan wedi lan geter, ora mung kaya nalikane aku isih ana ing tengah-tengahmu, nanging luwih-luwih saiki ing wektu aku adoh karo kowe;

13. awit iya Gusti Allah kang manut sakeparenge, nuwuhake iya kekarepan, iya panggawe ana ing kowe.

14. Lakonana samubarang kabeh kalawan tanpa panggrundel lan suwala,

15. supaya kowe ora padha kaciren lan ora padha cacad, padha dadi putraning Gusti Allah kang tanpa cacad ing satengahing golongan kang kablinger lan mblasar iki, satemah ana ing satengahing wong-wong iku kowe sumunar kaya lintang-lintang ing jagad,

16. kanthi ngadhemi sabdaning urip, supaya aku bisa mongkog ing dinane Sang Kristus, dene ora nglaha anggonku mbalap sarta ora nglaha anggonku kangelan.

17. Nanging sanadyan getihku kawutahake ana ing kurban lan pangibadahing pracayamu, aku bungah, lan aku bungah bebarengan karo kowe kabeh.

18. Lan kowe iya padha bungaha mangkono, lan bungaha bebarengan karo aku.

19. Nanging ana ing sajroning Gusti Yesus aku kapengin endang bisaa kongkonan Timoteus nemoni kowe, supaya ayem atiku manawa wis krungu bab kaananmu.

20. Awit aku ora duwe wong liyane maneh kang tunggal budi lan tunggal pangangen-angen lan kang temen-temen nggatekake kabutuhanmu;

21. sabab kabeh mburu kabutuhane dhewe dudu kabetahane Sang Kristus Yesus.

maca bab lengkap Filipi 2