Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Filemon 1:19-25 Kitab Sutji (JAV)

19. aku Paulus kang nanggung kanthi daktulis dhewe, iya aku kang bakal nglironi, prelune aja nganti aku muni: “Kabeh iku dadi tanggunganmu,” awit kowe padha duwe utang marang aku, yaiku awakmu dhewe.

20. He, sadulurku, muga kowe migunanana tumrap aku ana ing Gusti. Lipuren atiku ana ing Gusti Kristus.

21. Anggonku nulis layang marang kowe iki kanthi pangandel yen kowe bakal miturut. Aku sumurup yen tumindakmu bakal luwih saka panjalukku.

22. Kajaba saka iku aku iya cawisana papan pamondhokan, marga saka pandongamu, aku duwe pangarep-arep yen aku bakal kaparingake marang kowe kabeh maneh.

23. Salam marang kowe saka Epafras, kancaku kinunjara marga saka Gusti Kristus Yesus,

24. lan saka Markus, Aristarkhus, Dhemas lan Lukas padha kancaku ing gawe.

25. Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus nunggila ing sukmamu.

maca bab lengkap Filemon 1