Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Filemon 1:12-21 Kitab Sutji (JAV)

12. Dheweke dakpurih bali melu kowe, sanadyan iku woding atiku.

13. Satemene maune arep dakendheg ana ing pakunjaran, minangka sesulihmu ngladeni aku sajrone kinunjara marga saka Injil,

14. nanging sadurunge ana palilahmu aku ora wani tumindak, supaya prakara kang becik iku aja nganti anggonmu nindakake kanthi kapeksa, nanging bisaa kanthi lega lila.

15. Sabab bokmanawa sarana patrap mangkono iku pisahe karo kowe ing sawatara mangsa iku njalari kowe bisa mengku dheweke ing salawase,

16. ora kaya batur maneh, nanging luwih saka mangkono, yaiku kayadene sadulur kang kinasih. Iya kaya mangkono iku pangrengkuhku, saya maneh tumrap kowe, dadia cara kamanungsan dadia ana ing Gusti.

17. Yen aku kokanggep kanca tunggal pracaya, dheweke iya tampanana kaya anggonmu nampani aku.

18. Dene yen kirane dheweke wus gawe pitunamu, utawa dheweke utang marang kowe, jibahna kabeh marang aku,

19. aku Paulus kang nanggung kanthi daktulis dhewe, iya aku kang bakal nglironi, prelune aja nganti aku muni: “Kabeh iku dadi tanggunganmu,” awit kowe padha duwe utang marang aku, yaiku awakmu dhewe.

20. He, sadulurku, muga kowe migunanana tumrap aku ana ing Gusti. Lipuren atiku ana ing Gusti Kristus.

21. Anggonku nulis layang marang kowe iki kanthi pangandel yen kowe bakal miturut. Aku sumurup yen tumindakmu bakal luwih saka panjalukku.

maca bab lengkap Filemon 1