Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Filemon 1:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Saka Paulus, wong ukuman marga saka Gusti Kristus Yesus, lan saka sadulur kita Timoteus, marang Filemon kang kinasih, rewangku nyambut-gawe,

2. lan marang sadulurku wadon Apfia, sarta marang Arkhipus, kanca tunggal gawe, tuwin marang pasamuwan kang ana ing omahmu.

3. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus, anaa ing kowe kabeh.

4. Aku saos sokur marang Allahku, samangsa aku ngelingi kowe sajrone pandongaku,

5. sabab aku wus krungu bab katresnanmu marang para suci lan bab pracayamu marang Gusti Yesus.

6. Lan aku ndongakake, supaya anggonmu padha tunggal pracaya iku sabiyantu nuju marang kawruh kang utama ana ing antara kita kagem Sang Kristus.

7. Saka tumindaking katresnanmu, aku rumangsa oleh kabungahan gedhe, lan kasantosan marga kowe wus nglejarake atine para suci, sadulurku!

8. Marga saka iku, sanadyan ana sajroning patunggilane Gusti Kristus, aku duwe wewenang mrentahi kowe, bab apa kang wajib koklakoni,

9. ewasamono ngelingi tumindaking katresnanmu iku, luwih prayoga yen aku nglairake panjaluk marang kowe mangkene: Aku Paulus kang wus ngancik tuwa, luwih-luwih saiki kinunjara marga saka Gusti Kristus Yesus,

10. duwe panjaluk marang kowe, bab anakku kang daktemu sajrone aku kinunjara, yaiku Onesimus,

11. kang ing maune ora migunani marang kowe, nanging saiki maedahi banget, iya marang kowe iya marang aku.

12. Dheweke dakpurih bali melu kowe, sanadyan iku woding atiku.

13. Satemene maune arep dakendheg ana ing pakunjaran, minangka sesulihmu ngladeni aku sajrone kinunjara marga saka Injil,

maca bab lengkap Filemon 1