Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Efesus 6:2-16 Kitab Sutji (JAV)

2. Sira ngajenana bapa-biyungira -- iki pepakon kang wigati, kaya kang kacetha ana ing prasetya iki --

3. supaya sira slamet lan dawa umurira ana in donya.

4. Lan kowe para bapa, aja padha gawe seriking atine anak-anakmu, nanging gulawenthahen ing bab piwulang lan pepeling kang saka ing Gusti.

5. He para abdi, manut-mituruta marang bendaramu kang ana ing donya kanthi wedi lan geter sarta kalawan tulusing ati, padha kaya anggonmu manut-miturut marang Sang Kristus,

6. aja mung manawa ana ing ngarepe bae kanggo nyenengake atining wong, nanging dikaya abdine Sang Kristus kang kalawan gumolonging ati nindakake karsane Gusti Allah,

7. lan kang kanthi lila legawa anggone leladi kaya marang Gusti lan ora marang manungsa.

8. Kowe padha sumurup, manawa saben wong, apa batur tukon, apa wong mardika, yen wis nindakake kabecikan, bakal tampa piwales saka Gusti.

9. Lan kowe para bendara, dikaya mangkono uga pangrengkuhmu marang para baturmu lan aja nganggo ancaman. Elinga, manawa Gutine lan Gustimu ana ing swarga, lan Panjenengane iku ora pilih kasih.

10. Wasana, padha dadia santosa ana ing patunggilane Gusti, lan ing kasektening panguwasane.

11. Padha sikepa praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa ndhahi gelar kajuligane Iblis;

12. awit kang kita tandhingi iku dudu daging lan getih, nanging para pamarentah, para panguwasa, para panggedhening jagad kang peteng iki, para rohing kadursilan kang ana ing langit.

13. Mulane padha nyandhaka praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa nyembadani samasa tekane dina kang ala iku lan tetep tangguh sawuse kowe ngrampungake sakabehe.

14. Mulane padha dipanggah, lambungmu sabukana ing kayekten lan ngrasuka kaadilan minangka kere,

15. sikilmu nganggoa trumpah cumadhangmu marang Injiling tentrem-rahayu;

16. sajrone mangkono iku padha nganggoa tamening pracaya, margane kowe bakal bisa nyirep sakehing panah geni saka si pangawak dursila,

maca bab lengkap Efesus 6