Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Efesus 6:15-21 Kitab Sutji (JAV)

15. sikilmu nganggoa trumpah cumadhangmu marang Injiling tentrem-rahayu;

16. sajrone mangkono iku padha nganggoa tamening pracaya, margane kowe bakal bisa nyirep sakehing panah geni saka si pangawak dursila,

17. karomaneh padha nampanana tetopong karahyon lan pedhang Roh, yaiku sabdaning Allah,

18. ing sajroning pandonga lan panyuwunmu kabeh. Padha tansah ndedongaa ana ing patunggilaning Roh, sarta padha meleka lan ditegen anggonmu padha nyenyuwun kanggo para suci;

19. uga kanggo aku, supaya manawa aku ngucap, diparingana tetembungan kang bener, lan supaya kanthi kendel anggonku nggiyarake kekeraning Injil,

20. kang dakladeni minangka utusan kang dirante. Padha ndedongaa, supaya aku bisa nglairake bab iku kalawan kendel, awit pancen kudu mangkono.

21. Supaya kowe uga padha sumurup marang kaanan lan lelakonku, mula Tikhikus, sadulur kita kang kekasih lan abdi kang tumemen ana ing Gusti, bakal aweh sumurup marang kowe bab iku kabeh.

maca bab lengkap Efesus 6