Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Efesus 4:5-19 Kitab Sutji (JAV)

5. tunggal Gusti, tunggal pracaya lan tunggal baptis,

6. tunggal Allah lan Ramane kabeh, Gusti Allah kang mengku kabeh, lumantar kabeh, lan ana ing kabeh.

7. Nanging sawiji-wijining panunggalan kita wus kaganjar sih-rahmat undha-usuk manut sapalimirmane Sang Kristus.

8. Mulane ana pangandika mangkene:“Sareng sumengka ing ngaluhur, Panjenenganipun mbandhangi tiyang-tiyang tawanan,Panjenenganipun maringi ganjaran dhateng manungsa.”

9. Mungguh “Panjenengane wus sumengka” iku rak ateges manawa Panjenengane iya wus tumedhak uga menyang ing peranganing bumi kang ngisor dhewe?

10. Panjenengane kang wus tumedhak, iya Panjenengane uga kang wus sumengka ngungkuli sakehing langit, supaya ngebeki samubarang.

11. Lan iya Panjenengane kang paring para rasul, nabi, juru Injil, pangon lan pamulang,

12. supaya para suci padha kacawisna kanggo ayahan leladi, kanggo pambangune sarirane Sang Kristus,

13. nganti kita kabeh wus padha bisa nggayuh manunggaling pracaya lan kawruh kang bener tumrap Putraning Allah, kadiwasan kang sampurna, lan tataran kang cundhuk karo kasampurnaning Sang Kristus,

14. temahan kita ora dadi bocah maneh, kang diobat-abitake dening sarupane angine piwulang, dening pratingkah nasar lan culikane manungsa kang mblasukake,

15. nanging kalawan tatag ngandhemi kayekten sajroning katresnan, kita mundhak-mundhak ing samubarang ngener Sang Kristus kang jumeneng Sesirah.

16. Iya saka Panjenengane iku sarirane sakojur -- kang tumata runtut lan kaiket dadi siji awit saka makartine kabeh perangane, cundhuk karo murwate pakaryane saben perangan iku -- anggone tumuwuh mbangun dhiri sajroning katresnan.

17. Mula iki dakkandhakake lan dakcethakake marang kowe ana ing patunggilane Gusti, yaiku: Uripmu aja kaya lakuning wong-wong kang ora wanuh marang Gusti Allah maneh kang pangangen-angene tanpa guna

18. lan kang peteng pikirane, adoh saka ing urip patunggilan karo Gusti Allah, marga saka bodhone lan marga saka wangkoting atine.

19. Pangrasane wus kethul, temahan padha masrahake awake marang pamblunthah lan nglakoni panggawe kang rusuh kalawan kethaha.

maca bab lengkap Efesus 4