Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Efesus 4:22-32 Kitab Sutji (JAV)

22. yaiku manawa kowe, ing bab lakumu kang biyen, kudu ngrucat kamanungsan lawas, kang nemahi rusak awit saka anane hawa-nepsu kang nasarake,

23. supaya kowe padha dianyarake ing roh lan pikiranmu,

24. lan ngrasuk kamanungsan anyar, kang wus tinitahake manut karo karsaning Allah ing kabeneran lan kasucen kang nyata.

25. Awit saka iku mbuwanga watek goroh lan ngucapa kang nyata marang ing pepadhaning sadulur siji lan sijine, awit kita padha-padha dadi gegelitaning badan siji.

26. Manawa kowe nepsu aja nganti gawe dosa: srengenge aja nganti angslup sadurunge nepsune ilang

27. lan aja aweh papan marang iblis.

28. Wong kang gawene nyolong, aja nyolong maneh, nanging becik nyambut-gawe kanthi tumemen lan nglakoni pagawean kang becik kalawan tangane dhewe, supaya bisa nguluri wong kang kekurangan.

29. Aja nganti ana tembung reged kawetu saka ing tutukmu, nanging munga tembung kang becik kanggo mbangun, yen prelu, supaya kang krungu, oleha sih-rahmat.

30. Lan kowe aja gawe sekele Sang Rohing Allah kang suci, kang wus ngecap kowe kanggo ing dina pangentasan.

31. Sadhengahing rasa serik, brangasan, gampang nepsu, tukar-padu lan panyatur ala buwangen saka ing antaramu, samono uga sadhengahing piala.

32. Nanging kowe dipadha sumanak mungguh ing siji lan sijine, kebak ing sih katresnan lan apura-ingapuraa kayadene Gusti Allah ana ing Sang Kristus iya wus ngapura marang kowe kabeh.

maca bab lengkap Efesus 4