Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Efesus 4:16-29 Kitab Sutji (JAV)

16. Iya saka Panjenengane iku sarirane sakojur -- kang tumata runtut lan kaiket dadi siji awit saka makartine kabeh perangane, cundhuk karo murwate pakaryane saben perangan iku -- anggone tumuwuh mbangun dhiri sajroning katresnan.

17. Mula iki dakkandhakake lan dakcethakake marang kowe ana ing patunggilane Gusti, yaiku: Uripmu aja kaya lakuning wong-wong kang ora wanuh marang Gusti Allah maneh kang pangangen-angene tanpa guna

18. lan kang peteng pikirane, adoh saka ing urip patunggilan karo Gusti Allah, marga saka bodhone lan marga saka wangkoting atine.

19. Pangrasane wus kethul, temahan padha masrahake awake marang pamblunthah lan nglakoni panggawe kang rusuh kalawan kethaha.

20. Nanging munguh kowe iku ora mangkono. Kowe wus padha sinau wanuh karo Sang Kristus.

21. Awit kowe wus krungu bab Panjenengane lan nampani piwulang ana ing Panjenengane manut kayekten kang satuhu ana ing Gusti Yesus

22. yaiku manawa kowe, ing bab lakumu kang biyen, kudu ngrucat kamanungsan lawas, kang nemahi rusak awit saka anane hawa-nepsu kang nasarake,

23. supaya kowe padha dianyarake ing roh lan pikiranmu,

24. lan ngrasuk kamanungsan anyar, kang wus tinitahake manut karo karsaning Allah ing kabeneran lan kasucen kang nyata.

25. Awit saka iku mbuwanga watek goroh lan ngucapa kang nyata marang ing pepadhaning sadulur siji lan sijine, awit kita padha-padha dadi gegelitaning badan siji.

26. Manawa kowe nepsu aja nganti gawe dosa: srengenge aja nganti angslup sadurunge nepsune ilang

27. lan aja aweh papan marang iblis.

28. Wong kang gawene nyolong, aja nyolong maneh, nanging becik nyambut-gawe kanthi tumemen lan nglakoni pagawean kang becik kalawan tangane dhewe, supaya bisa nguluri wong kang kekurangan.

29. Aja nganti ana tembung reged kawetu saka ing tutukmu, nanging munga tembung kang becik kanggo mbangun, yen prelu, supaya kang krungu, oleha sih-rahmat.

maca bab lengkap Efesus 4