Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Efesus 4:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Mulane, aku mituturi kowe, aku kang dadi pasakitan marga saka Gusti, uripmu dikaya wong-wong kang wus padha katimbalan cundhuk karo timbalan iku.

2. Ditansah andhap-asor, sareh lan sabar. Padha ngetokna katresnanmu kalawan tulung-tinulung.

3. Lan ngudia lestarine anggonmu tetunggalan ing Roh sarana suhing atut rukun:

4. tunggal badan, lan iya tunggal Roh, kayadene anggonmu wus padha katimbalan marang pangarep-arep siji kang dumunung ana ing timbalanmu,

5. tunggal Gusti, tunggal pracaya lan tunggal baptis,

6. tunggal Allah lan Ramane kabeh, Gusti Allah kang mengku kabeh, lumantar kabeh, lan ana ing kabeh.

7. Nanging sawiji-wijining panunggalan kita wus kaganjar sih-rahmat undha-usuk manut sapalimirmane Sang Kristus.

8. Mulane ana pangandika mangkene:“Sareng sumengka ing ngaluhur, Panjenenganipun mbandhangi tiyang-tiyang tawanan,Panjenenganipun maringi ganjaran dhateng manungsa.”

9. Mungguh “Panjenengane wus sumengka” iku rak ateges manawa Panjenengane iya wus tumedhak uga menyang ing peranganing bumi kang ngisor dhewe?

10. Panjenengane kang wus tumedhak, iya Panjenengane uga kang wus sumengka ngungkuli sakehing langit, supaya ngebeki samubarang.

maca bab lengkap Efesus 4