Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

3 Yokanan 1:6-8 Kitab Sutji (JAV)

6. Wong-wong iku ana ing ngarepe pasamuwan wus padha nekseni ing bab katresnanmu. Becik temenan panggawemu marang wong iku, manawa padha koktulungi lakune, kanthi patrap kang ndadekake keparenge Gusti Allah.

7. Awit anggone padha lelungan iku marga saka Kang Asma ora nganggo nampani apa-apa saka wong-wong kang ora wanuh marang Gusti Allah.

8. Kang iku kita iki padha kawajiban nampani wong-wong kang kaya mangkono iku, supaya kita padha dadia rewang ing gawe kang lumadi marang ing kayekten.

maca bab lengkap 3 Yokanan 1