Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

3 Yokanan 1:4-6 Kitab Sutji (JAV)

4. Tumrape aku ora ana kabungahan kang gedhene ngluwihi anggonku krungu, manawa anak-anakku padha urip ana ing kayekten.

5. He, sadulurku kang kekasih, kowe tumindak ngetrepi anggonmu dadi wong pracaya, samangsa kowe nindakake samubarang tumrap para sadulur, sanadyan iku padha wong liya bangsa.

6. Wong-wong iku ana ing ngarepe pasamuwan wus padha nekseni ing bab katresnanmu. Becik temenan panggawemu marang wong iku, manawa padha koktulungi lakune, kanthi patrap kang ndadekake keparenge Gusti Allah.

maca bab lengkap 3 Yokanan 1