Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

3 Yokanan 1:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Saka pinituwa tumekaa marang Gayus kang kekasih, kang daktresnani ing sajroning kayekten.

2. He kekasihku, pandongaku muga kowe ginanjara slamet lan bagas kawarasan ing sakabehe, dikaya nyawamu iya slamet.

3. Awit aku bungah banget nalika ana sadulur sawatara teka, nekseni ing bab anggonmu duwe laku manut ing kayekten, sabab lakumu pancen manut ing kayekten.

4. Tumrape aku ora ana kabungahan kang gedhene ngluwihi anggonku krungu, manawa anak-anakku padha urip ana ing kayekten.

5. He, sadulurku kang kekasih, kowe tumindak ngetrepi anggonmu dadi wong pracaya, samangsa kowe nindakake samubarang tumrap para sadulur, sanadyan iku padha wong liya bangsa.

maca bab lengkap 3 Yokanan 1