Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Timoteus 4:16-22 Kitab Sutji (JAV)

16. Nalika aku ngunjukake panjawab kang kawitan, ora ana wong siji-sijia kang mbiyantu aku, kabeh padha ninggal aku -- iku muga aja ditempuhake marang wong-wong mau --

17. nanging Gusti wus ngamping-ampingi aku lan nyantosakake aku, supaya Injil kaundhangake babar pisan lumantar aku lan sakehe wong kang dudu Yahudi padha ngrungokake! Dadine aku luwar saka ing cangkeming singa.

18. Karodene Gusti bakal ngluwari aku saka ing sarupane panggawe ala. Panjenengane bakal milujengake aku, satemah aku banjur lumebu ing Karatone ing Swarga. Panjenengane linuhurna ing salawas-lawase! Amin.

19. Salam marang Priska lan Akwila lan marang brayat Onesiforus.

20. Erastus kari ana ing kutha Korinta dene Trofimus daktinggal lara ana ing Miletus. Arahen anggonmu mrene sadurunge mangsa bedhidhing.

21. Salam saka Ebulus lan Pudes sarta Linus lan Klaudhia apadene saka sadulur kabeh.

22. Gusti muga nunggila ing rohmu. Sih-rahmate nunggila ing kowe!

maca bab lengkap 2 Timoteus 4