Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Timoteus 4:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku pitutur marang kowe satemen-temene ana ing ngarsane Gusti Allah lan Gusti Kristus Yesus kang bakal ngadili wong kang urip lan mati, demi ngatingale, lan demi Karatone.

2. Kowe nggelarna pangandika, sumanggema ing wektu kang becik, utawa ing wektu kang ora becik, melehna apa kang luput, nyrengenana lan mituturana kalawan sakehing kasabaran lan piwulang.

3. Amarga bakal tumeka ing titimangsane, wong-wong bakal ora bisa nampani piwulang kang bener-becik maneh, nanging bakal padha ngumpulake guru-guru kang dikarepake kanggo maremake pepenginaning kupinge.

4. Bakal padha ngingerake kupinge saka ing kayekten lan ngrungokake marang dongeng.

5. Nanging kowe dibisa ngemudheni awakmu ing sajroning samubarang kabeh, disabar ing sajroning nandhang sangsara, nindakna pakabaran Injil, lan ngakonana kawajibaning leladi!

6. Dene mungguh aku iki, getihku wus wiwit kaesokake minangka pisungsung sarta wektu anggonku bakal ngajal wus cedhak.

7. Aku wus mungkasi tetandhingan kang utama, aku wus nyandhak garis wekasan, aku wus ngantepi ing pracaya.

maca bab lengkap 2 Timoteus 4