Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Timoteus 3 Kitab Sutji (JAV)

Kaananing manungsa ing wekasaning jaman

3:1-9

1. Sumurupa, yen ing dina-dina wekasan bakal ana mangsa kang rekasa.

2. Wong akal padha mung mikir marang awake dhewe lan karem bandha. Bakal padha gumunggung, lan mamerake dhiri pribadi, bakal dadi tukang mitenah, bakal wani karo wong tuwa sarta ora duwe panarima, ora mreduli marang agama,

3. ora bisa atindak tresna, ora gelem rukun, seneng ngala-ala wong, ora bisa ngendhaleni dhiri, ambek siya, ora dhemen marang kang becik,

4. seneng cidra, ora mulur budine, kumenthus, milaur nuruti pakareman katimbang karo manut marang Gusti Allah.

5. Anggone padha nindakake pangibadah mung laire bae, nanging lugune padha ora nganggep marang sawabe. Dohana wong-wong kang kaya mangkono iku!

6. Sabab ing antarane wong-wong iku ana kang padha nylinthut lumebu ing omahe wong liya lan mbebujuk wong-wong wadon kang ringkih kang kabotan dosa sarta kang kawengku ing pepenginan marupa-rupa,

7. kang ora tau sumurup maran kayekten sanadyan tansah kapengin kawulang.

8. Padha kaya Yanes lan Yambres anggone nglawan marang Nabi Musa, mangkono uga wong-wong mau padha nglawan marang kayekten. Pikirane bobrok, lan pracayane ora tahan suwe.

9. Nanging wis mesthi yen wong-wong mau ora bakal padha bisa tulus, amarga kayadene Yanes lan Yambres, samono uga kabodhoane wong-wong mau bakal luwih dening cetha tumrap wong kabeh.

Thukuling pracaya sajroning panganiaya lan marga saka maca Kitab Suci

3:10-17

10. Nanging kowe wis ngandhemi piwulangku, caraku urip, panemu-panemuku, pracayaku, kasabaranku, katresnanku lan tumemenku.

11. Kowe wis melu nandhang panganiaya lan sangsara kaya kang wis dakrasakake ana ing kutha Antiokhia, ing Ikonium lan ing Listra. Sakehing panganiaya iku daklakoni lan Gusti wis ngluwari saka iku kabeh.

12. Pancen saben wong kang nedya urip kalawan nindakake pangibadah ing sajroning Sang Kristus Yesus, iku bakal nandhang panganiaya.

13. Dene wong ala lan culika iku bakal saya wuwuh alane, padha disasarake lan nasarake.

14. Nanging kowe tetepa nggondheli ing kayekten kang wus koktampani lan kokyakini, kalawan tansah elinga marang wong kang wus mulangake bab iku marang kowe.

15. Elinga uga, yen wiwit cilik kowe wus wanuh karo Kitab Suci, kang bisa ngolehake kawicaksanan marang kowe lan nuntun kowe marang karahayon marga saka pracaya marang Gusti Kristus Yesus.

16. Sakehing tulisan kang diwangsitake dening Gusti Allah iku pancen migunani kanggo memulang, kanggo melehake, kanggo mbangun wewatekan tuwin kanggo nggulawenthah ing sajroning kayekten.

17. Marga saka mangkono saben wong kagungane Gusti Allah iku disamektani kanggo nindakake samubarang kang becik.