Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Timoteus 2:11-26 Kitab Sutji (JAV)

11. Iki tetembungan kang bener:“Manawa kita ndherek Panjenengane seda,iya ndherek Panjenengane gesang;

12. manawa kita nahanakeiya bakal ndherek Panjenengane ngereh;manawa kita nyelaki Panjenenganeiya bakal diselaki Panjenengane;

13. manawa kita ora setya, Panjenengane tetep setya,awit Panjenengane ora bisa nyelaki sarirane piyambak.”

14. Wong-wong padha elingna lan pituturana ing bab iku kabeh kalawan temenan ana ing ngarsaning Allah, supaya aja padha mbulat-mbulet rembuge, amarga iku ora ana gunane babar pisan, malah ngisruhake kang padha ngrungokake.

15. Udinen, supaya kowe pantes ana ing ngarsaning Allah anggonmu dadi juru leladi kang ora usah isin, kang ngundhangake pangandikaning kayekten iku kalawan tanpa tedheng aling-aling.

16. Nanging omong-omong kang tanpa isi kang ora suci kang mung nambahi kalamisan iku singkirana.

17. Tembung-tembunge wong-wong kang mangkono iku nular kaya lelara kangker. Panunggalane wong iku yaiku Himeneus lan Filetus,

18. kang wus nyimpang saka ing kayekten kalawan anggone mulangake, yen kita wus katangekake sarta marga saka iku banjur gawe rusaking pracayane wong sawatara.

19. Nanging tetales kang kapasang dening Gusti Allah iku santosa, sarta tinengeran: “Pangeran nguningani sapa kang dadi kagungane,” lan “Sing sapa nyebut asmaning Pangeran iku supaya ninggala piala.”

20. Ing sajroning omah gedhe iku kang tinemu ora mung prabot emas lan salaka, nanging uga barang-barang kang kagawe saka kayu lan lempung; kang saka emas lan salaka kanggo kapreluan kang wigati, dene liyane kanggo kapreluan kang kurang wigati.

21. Wong kang nucekake awake saka ing piala, iku bakal dadi praboting omah kang wigati, disucekake, dianggep pantes dianggo ing lurahe lan dicawisake kanggo saben pagawean kang mulya.

22. Mulane ngedohana pepenginaning wong anom, ngudia marang kaadilan, kasetyan, katresnan lan karukunan bebarengan karo wong-wong kang padha nyebut marang Pangeran kalawan ati kang resik.

23. Singkirana sakehing prakara-prakara kang diothak-athik, kang tanpa budi kang ora pantes. Kowe sumurup, yen bab-bab iku nukulake dredah,

24. mangka abdine Gusti iku ora kena padu, nanging kudu sumanak marang wong kabeh. Kudu bisa mulang, sabar

25. lan bisa nuntun wong kang seneng madoni kalawan alus, sabab bokmanawa Pangeran paring pamratobat marang wong-wong mau sarta bisa nuntun marang karahayon,

26. tuwin banjur padha eling maneh, yen wus uwal saka ing kalaning Iblis, kang ngendhaleni dheweke kabeh supaya nglakoni kekarepane.

maca bab lengkap 2 Timoteus 2