Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Tesalonika 3:13-18 Kitab Sutji (JAV)

13. Anadene kowe kabeh, para sadulur, aja jeleh-jeleh anggonmu padha nindakake panggawe becik.

14. Manawa ana wong kang ora gelem ngrungokake kandhaku ing layang iki, iku pengetana lan aja srawungan karo dheweke, supaya isin.

15. Mung bae aja kokanggep mungsuh, nanging elingna kaya sadulur.

16. Anadene Panjenengane, Gustining tentrem-rahayu, muga tansah paring tentrem-rahayu marang kowe kabeh ing sadhengaha kaanan. Muga Gusti nunggila karo kowe kabeh.

17. Salam saka aku, Paulus. Salam iki daktulis nganggo tanganku dhewe. Iki minangka tengeran ing saben layang: mangkene iki tulisanku.

18. Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus, Gusti kita, anaa ing kowe kabeh.

maca bab lengkap 2 Tesalonika 3