Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Tesalonika 1:6-11 Kitab Sutji (JAV)

6. Jalaran pancen wus sabenere mungguh ing Gusti Allah malesake panganiaya marang wong-wong kang padha nganiaya kowe

7. sarta amrih leganing atimu kan padha ditindhes, lan uga tumrap marang aku kabeh, samangsa Gusti Yesus saka ing swarga ngatingal ginarebeg ing para malaekate, ngagem panguwasane, ing sajroning geni kang murub makantar-kantar,

8. lan ndhawahake piwales marang wong-wong kang padha ora gelem wanuh marang Gusti Allah sarta ora mbangun-miturut marang Injile Gusti Yesus, Gusti kita.

9. Wong-wong iku bakal nglakoni paukuman, nandhang karusakan salawase, diedohake saka ing pangayunaning Pangeran lan saka ing kamulyaning panguwaose

10. besuk samangsa Panjenengane rawuh ing dina iku, supaya kaluhurake ana ing antarane para suci kagungane, sarta supaya kabeh wong kang pracaya padha kagawokan, awit paseksen kang wus padha daklairake marang kowe kabeh, iku wus koktampani kalawan pracaya.

11. Awit saka iku aku kabeh tansah padha ndedonga, uga kanggo kowe kabeh, supaya Allah kita karsa nganggep marang kowe sembada tumrap ing timbalane lan kalawan panguwaose karsaa nyampurnakake sedyamu arep nindakake kabecikan sarta karsaa nyampurnakake sakehe panggawening pracayamu,

maca bab lengkap 2 Tesalonika 1