Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Petrus 2:11-17 Kitab Sutji (JAV)

11. mangka para malaekat dhewe, sanadyan luwih peng-pengan sarta luwih kuwasa katimbang wong-wong iku, anggone nggugatake wong-wong mau ana ing ngarsaning Allah, padha ora nganggo tembung nyenyamah.

12. Nanging wong-wong iku padha bae karo kewan kang tinitahake dadi kewan dekepan sarta banjur dipateni. Wong-wong iku padha nyenyamah marang kang ora disumurupi, temahan marga saka panggawene kang duraka iki, bakal padha nemoni karusakan dhewe kaya kewan alasan,

13. sarta bakal ngalami nasib ala minangka pituwasing durakane. Seneng-seneng saben awan kaanggep sawijining kanikmatan. Padha dadi jejember sarta blentong, kang mendem ing sajroning nuruti hawa-nepsune, samasa padha mangan ngombe bebarengan karo kowe kabeh.

14. Mripate kebak isi pepenginan laku bedhang, ora mari-mari anggone gawe dosa. Wong-wong iku padha mbebujuk wong-wong kang ringkih atine. Wateke wis kulina srakah. Pancen dhasar wong kang padha kena ing ipat-ipat!

15. Sarehne padha ninggal dalan kang bener, banjur padha kesasar, ngenut dalane Bileam anake Beor kang seneng tampa opah tumrap panggawe-panggawe ala.

16. Nanging Bileam kawelehake kalawan keras marga saka tumindake kang ala iku, jalaran kuldi momotan kang ora bisa guneman banjur calathu kaya manungsa, sarta nyegah kabodhoane nabi iku.

17. Guru-guru palsu iku kaya sumber kang asat, kaya mega kang kabuncang ing prahara; wong-wong iku wis padha kasadhiyanan panggonan kang peteng ndhedhet lelimengan kang nggegirisi banget.

maca bab lengkap 2 Petrus 2