Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Petrus 2 Kitab Sutji (JAV)

Nabi-nabi sarta guru-guru palsu

2:1-22

1. Kayadene dhek biyen ing antarane umate Gusti Allah ana kang ngaku-aku nabi, mangkono ing antaramu iya bakal ana kang ngaku-aku guru, kang padha nylundupake piwulang-piwulang panasaran kang nuntun marang karusakan, malah bakal padha nyelaki Kang Kuwaos, kang wis nebus wong-wong mau lan marga saka iku bakal njalari karusakane dhewe.

2. Sarta akehwon kang kelu ing pamblunthahe, tuwin marga saka pokal-gawene iku Marganing Kayekten bakal dicecamah.

3. Sarta marga saka srakahe, guru-guru palsu iku bakal padha ngudi golek kauntungan saka kowe kabeh kanthi dongeng-dongenge kang ngayawara.

4. Jalaran manawa Gusti Allah ora ngeman marang malaekat kang padha gawe dosa, nanging dicemplungake ing naraka, kapasrahake marang guwa-guwa peteng kanggo nyimpen nganti dinaning pangadilan;

5. sarta manawa Gusti Allah ora ngeman jagad ing jaman purwa, nanging mung milujengake Rama Nuh kang ngabarake kayekten karo wong pitu liyane, nalika Panjenengane ndhatengake banjir patopan kanggo jagade para wong mblasar;

6. mangkono uga manawa Gusti Allah nyirnakake kutha Sodom lan Gomora kalawan geni minangka pepeling marang wong kang ing tembe bakal padha mblasar,

7. nanging Panjenengane ngentasake Lut, kang mursid, lan tansah pegel atine awit uripe wong-wong padha ora mreduli marang angger-angger lan mung ansah nuruti hawa-nepsune bae,

8. -- jalaran wong mursid iku manggon ing satengahe wong-wong mau sarta ing sadina-dina sumurup lan krungu pratingkah-pratingkahe kang mblasar iku satemah atine kang mursid iku kaya kasiksa --

9. dadi tetela, manawa Pangeran mirsa carane ngentasake wong mursid saka ing godha rencana sarta nyadhangake para wong duraka marang ing dina pangadilan bakal kasiksa,

10. luwih maneh wong kang padha nuruti hawa-nepsune marga kepencut ing jejember sarta ngremehake pangrehing Allah.Wong-wong iku padha kumawani sarta gumunggung, nganti tanpa rikuh pakewuh nyenyamah marang kaluhuran,

11. mangka para malaekat dhewe, sanadyan luwih peng-pengan sarta luwih kuwasa katimbang wong-wong iku, anggone nggugatake wong-wong mau ana ing ngarsaning Allah, padha ora nganggo tembung nyenyamah.

12. Nanging wong-wong iku padha bae karo kewan kang tinitahake dadi kewan dekepan sarta banjur dipateni. Wong-wong iku padha nyenyamah marang kang ora disumurupi, temahan marga saka panggawene kang duraka iki, bakal padha nemoni karusakan dhewe kaya kewan alasan,

13. sarta bakal ngalami nasib ala minangka pituwasing durakane. Seneng-seneng saben awan kaanggep sawijining kanikmatan. Padha dadi jejember sarta blentong, kang mendem ing sajroning nuruti hawa-nepsune, samasa padha mangan ngombe bebarengan karo kowe kabeh.

14. Mripate kebak isi pepenginan laku bedhang, ora mari-mari anggone gawe dosa. Wong-wong iku padha mbebujuk wong-wong kang ringkih atine. Wateke wis kulina srakah. Pancen dhasar wong kang padha kena ing ipat-ipat!

15. Sarehne padha ninggal dalan kang bener, banjur padha kesasar, ngenut dalane Bileam anake Beor kang seneng tampa opah tumrap panggawe-panggawe ala.

16. Nanging Bileam kawelehake kalawan keras marga saka tumindake kang ala iku, jalaran kuldi momotan kang ora bisa guneman banjur calathu kaya manungsa, sarta nyegah kabodhoane nabi iku.

17. Guru-guru palsu iku kaya sumber kang asat, kaya mega kang kabuncang ing prahara; wong-wong iku wis padha kasadhiyanan panggonan kang peteng ndhedhet lelimengan kang nggegirisi banget.

18. Jalaran wong-wong iku padha ngucapake tetembungan kang gumunggung nanging kothong, sarta migunakake hawa-nepsune kang tumuju ing laku bedhang kanggo mbebujuk marang wong kang lagi bae sumingkir saka ing wong-wong kang kesasar uripe.

19. Padha njanjeni kamardikan marang wong liya, mangka awake dhewe padha dadi baturing karusakan. Jalaran sing sapa katelukake dening wong, iku iya dadi bature wong iku.

20. Sabab manawa wong-wong mau marga saka anggone wis wanuh marang Gusti sarta Juruwilujeng kita Gusti Yesus Kristus, wis padha ngoncati ing jejembere donya, mangka banjur kasrimped maneh ing kono, iku wekasane alane ngluwihi sadurunge.

21. Jalaran saka iku luwih becik padha ora tau nyumurupi dalaning kayekten, katimbang karo sawise sumurup banjur mungkur ninggal ing pepakon suci kang wis kadhawuhake marang wong-wong mau.

22. Kaanane wong-wong iku nocogi unine paribasan kang bener mangkene,“Asu mbaleni utah-utahane,sarta babi kang wis adus bali manehmenyang ing pagupakane.”