Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Petrus 1 Kitab Sutji (JAV)

Salam

1:1-2

1. Saka Simon Petrus, abdi sarta rasule Gusti Yesus Kristus, marang kang padha kaparingan pracaya nunggal karo aku kabeh, marga dening kaadilaning Gusti Allah sarta Pamarta kita Gusti Yesus Kristus.

2. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu ngluberana ing kowe kabeh, marga saka anggonmu padha wanuh marang Gusti Allah sarta marang Gusti Yesus, Gusti kita.

Timbalan sarta pilihaning Allah

1:3-15

3. Marga saka panguwasane kaallahane, kita wis padha kaparingan samubarang kang prelu tumrap ing urip kang mursid, srana wanuh marang Panjenengane kang wis nimbali kita marga saka panguwaose kang mulya lan ngeram-eramake.

4. Kalawan patrap mangkono iku Panjenengane wis maringi marang kita prasetya-prasetya kang adi sarta pinunjul, supaya srana iku kowe padha bisa tunggal kodrat kaallahan lan ora kena ing dayaning hawa-nepsu kadonyan.

5. Iya marga saka iku kowe padha kudu mempeng anggonmu mbudidaya supaya pracayamu kawuwuhan ing kautaman sarta kautamanmu kawuwuhan ing kawruh,

6. tuwin kawruh kawuwuhan ing pambudidaya ngemudheni dhiri, pambudidaya ngemudheni dhiri kawuwuhan mugen, mugen kawuwuhan mursid,

7. mursid kawuwuhan tresna marang para sadulur, tresna marang sadulur kawuwuhan tresna marang wong kabeh.

8. Jalaran manawa kowe padha kadunungan iku mau kabeh nganti luber, kowe mesthi bakal dadi mempeng ing panggawe sarta banjur metu wohe anggonmu wanuh marang Gusti Yesus Kristus, Gusti kita iku.

9. Nanging sing sapa ora kadnungan iku mau kabeh, bakal dadi wuta sarta cethek panemune, jalaran wis lali manawa dosa-dosane kang dhisik wis dibirat.

10. Mulane para sadulur, tansaha mbudidaya supaya saya kukuh anggonmu katimbalan lan pinilih iku. Jalaran manawa nglakoni mangkono, kowe bakal padha ora tau kasandhung.

11. Kalawan mangkono iku, kowe bakal kaparingan wewenang sakatoge lumebu ing Kraton kang langgeng, yaiku Kratone Gusti lan Pamarta kita Gusti Yesus Kristus.

12. Mulane aku tansah bakal ngelingake kowe marang bab iku mau kabeh, sanadyan kowe iya wis padha sumurup sarta wis padha santosa ing sajrone kayekten kang wus koktampani.

13. Sadurunge aku ninggal tarubing badanku iki anggonku tansah ngelingake kowe marang iku mau kabeh iku dakanggep dadi kawajibanku.

14. Jalaran aku sumurup, manawa aku bakal enggal ninggal tarubing badanku iki, kayadene kang wis kapangandikakake marang aku dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.

15. Nanging aku bakal mbudidaya, supaya saungkurku kowe tansah padha ngeling-eling marang prakara iku mau kabeh.

Pameca bab kamulyane Sang Kristus wis kalakon

1:16-21

16. Jalaran anggonku padha nyumurupake kowe bab panguwaos lan bakal rawuhe Gusti kita, Gusti Yesus Kristus kang jumeneng ratu, iku ora marga ngandel marang dongenge wong kang ora nyata, nanging aku kabeh iki padha dadi seksi ing bab kaluhurane.

17. Aku padha nyipati anggone Panjenengane tampa kaurmatan lan kamulyan saka Gusti Allah Sang Rama, nalika katedhakan swara saka Kang Mahaluhur, kang ngandika: “Iki PutraningSun kekasih, kang ndadekake keparenging panggalihingSun.”

18. Swara iku mau padha dakrungu tumurun saka ing swarga, nalika aku padha ndherek Panjenengane ana ing gunung kang suci.

19. Marga saka iku aku padha saya kasantosakake dening pangandika kang wis kalirake dening para nabi. Saiba becike, manawa kowe padha nggatekake bab iku, kayadene nggatekake damar kang madhangi panggonan kang peteng, nganti gagat raina sarta jumedhule lintang panjer esuk kang sumunar ana ing sajroning atimu.

20. Dene kang prelu dhewe kang kudu koksumurupi, yaiku manawa pamedhar-wangsit ing Kitab Suci ora kena ditegesi manut kareping manungsa dhewe,

21. jalaran ora tau ana pamedhar-wangsit kang kawedharake saka kareping manungsa, nanging marga saka kawangsit dening Sang Roh Suci wongwong banjur padha calathu atas asmaning Allah.