Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 9:8-14 Kitab Sutji (JAV)

8. Lan Gusti Allah kuwaos ngluberake sawernaning sih-rahmat marang kowe kabeh, supaya kowe padha tansah kacukupan ing samubarang lan padha linuwihna anggonmu nglakoni sarupaning panggawe becik.

9. kaya kang katulisan:“Panjenengane ngedum-edum,Panjenengane maringi marang wong miskin,kaadilane tetep ing salawas-lawase.”

10. Panjenengane kang nyawisake winih kanggo kang nyebar, lan roti kanggo pangan, iku uga bakal nyawisi winih marang kowe lan ditikelake sarta nuwuhake pametuning kabeneranmu;

11. kowe bakal disugihake ing sarupaning kamurahaning ati kang nuwuhake pangucap sokur konjuk marang Gusti Allah marga saka aku.

12. Awit ayahan katresnan kang isi pitulungan iki ora mung nyukupi kabutuhane para suci bae, nanging uga ngluberake pamuji sokur marang Gusti Allah.

13. Lan marga saka anggonmu mantep ing sajroning leladi iki, wong iku padha ngluhurake Gusti Allah awit saka sumuyuding panganggepmu marang Injile Sang Kristus lan marga saka murahing atimu ing bab anggonmu ngedum samubarang karo wong-wong iku lan karo wong kabeh.

14. Sarta maneh kowe iya padha didongakake lan dikangeni marga saka sih-rahmate Gusti Allah kang lumuber marang kowe.

maca bab lengkap 2 Korinta 9