Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 9:6-10 Kitab Sutji (JAV)

6. Iki gatekna: Wong kang nyebar sathithik, bakal ngeneni sathithik, lan wongkang nyebar akeh, bakal ngeneni akeh.

7. Saben wong pawewehe dikaya kang dadi rilaning atine, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Gusti Allah iku ngasihi wong kang pawewehe kanthi suka-rila.

8. Lan Gusti Allah kuwaos ngluberake sawernaning sih-rahmat marang kowe kabeh, supaya kowe padha tansah kacukupan ing samubarang lan padha linuwihna anggonmu nglakoni sarupaning panggawe becik.

9. kaya kang katulisan:“Panjenengane ngedum-edum,Panjenengane maringi marang wong miskin,kaadilane tetep ing salawas-lawase.”

10. Panjenengane kang nyawisake winih kanggo kang nyebar, lan roti kanggo pangan, iku uga bakal nyawisi winih marang kowe lan ditikelake sarta nuwuhake pametuning kabeneranmu;

maca bab lengkap 2 Korinta 9