Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 8:5-22 Kitab Sutji (JAV)

5. Dene kang padha dipasrahake iku ngluwihi pangiraku, awit nganti padha nyaosake awake dhewe marang Gusti Allah dhisik, sabanjure iya marang aku kabeh uga awit saka karsane Gusti Allah.

6. Awit saka iku aku ngatag marang Titus, supaya nekani kowe lan ngrampungake ayahan katresnan, kang biyen wus diwiwiti iku.

7. Mula saikine, padha kaya anggonmu wus sugih ing samubarang, -- ing pracaya, ing pamicara, ing kawruh, ing tumemenmu anggonmu mbiyantu, lan ing sih-katresnanmu marang aku kabeh -- samono uga kowe iya padha pinunjula ing ayahan sih-katresnan iki.

8. Anggonku mituturi mangkono iku ora ateges prentah, nanging mung marga saka anggonku kapengin neter kaeklasaning sih-katresnanmu kalawan nuduhake sakehing pambudidayane wong-wong kang padha aweh pambiyantu.

9. Marga kowe wus padha sumurup marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaiku manawa Panjenengane, kang amarga saka kowe dadi mlarat, sanadyan Panjenengane iku sugih, supaya kowe dadia sugih marga kamlaratane.

10. Iya iki panemuku tumrap bab iku, kang bokmanawa maedahi tumrap kowe. Pancen wus wiwit taun kang kapungkur anggonmu wiwit nindakake lan sumedya ngrampungake uga.

11. Mulane saiki, rampungna kang koktindakake iku! Wondene anggonmu ngrampungake iku cundhukna karo eklasing atimu sarta tindakna kalawan ngelingi sapira kang kokduweni.

12. Awit manawa anggonmu weweh iku kalawan eklas, pawewehmu iku mesthi bakal ditampani, manawa pawewehmu iku awewaton apa kang kokduweni, ora awewaton apa kang ora kokduweni.

13. Awit anggonmu dieboti iku ora supaya wong liya padha kaenthengna, nanging supaya dadia timbang.

14. Mulane becike saiki kaluwihanmu kanggoa nyukupi kakuranganing liyan, supaya kaluwihaning liyan mengko genti kanggo nyukupi kekuranganmu, temahan banjur dadi satimbang.

15. Kaya kang katulisan:“Wong kang oleh akeh, ora turah lan kang oleh sathithik ora kurang.”

16. Nanging puji sokur konjuk marang Gusti Allah, kang maringi katemenan kang kaya mangkono uga ana ing atine Titus ing bab anggone mbiyantu kowe,

17. dene nganti nuruti panjalukku, malah saka bangeting tumemene anggone tumindak ing gawe, banjur metu saka karepe dhewe mangkat nemoni kowe.

18. Lakune dakkantheni sadulur kita, kang wus oleh pangalembanane pasamuwan kabeh bab anggone nggelarake Injil.

19. Lan ora mung iku bae! Sadulur mau uga wus kapiji dening pasamuwan-pasamuwan kanggo ngancani anggonku padha nindakake ayahan sih-katresnan iki, kang daktindakake minangka kauhuraning Gusti lan minangka cihnaning legawane atiku.

20. Sabab aku kabeh padha arep nyingkiri bab iki: yen ana wong kang nacad anggonku nindakake ayahan sih-katresnan kang wohe akeh banget iku.

21. Awit aku padha mrelokake kang utama, ora mung ana ing ngarsane Gusti bae, nanging uga ana in ngareping wong.

22. Karodene wong loro mau padha dakkantheni sadulur kita, kang wus dakteter lan kacihna anggone tansah mbudidaya mbiyantu, lan saiki saya banget anggone mbudidaya marga saka gedhening piandele marang kowe.

maca bab lengkap 2 Korinta 8