Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 8:18-24 Kitab Sutji (JAV)

18. Lakune dakkantheni sadulur kita, kang wus oleh pangalembanane pasamuwan kabeh bab anggone nggelarake Injil.

19. Lan ora mung iku bae! Sadulur mau uga wus kapiji dening pasamuwan-pasamuwan kanggo ngancani anggonku padha nindakake ayahan sih-katresnan iki, kang daktindakake minangka kauhuraning Gusti lan minangka cihnaning legawane atiku.

20. Sabab aku kabeh padha arep nyingkiri bab iki: yen ana wong kang nacad anggonku nindakake ayahan sih-katresnan kang wohe akeh banget iku.

21. Awit aku padha mrelokake kang utama, ora mung ana ing ngarsane Gusti bae, nanging uga ana in ngareping wong.

22. Karodene wong loro mau padha dakkantheni sadulur kita, kang wus dakteter lan kacihna anggone tansah mbudidaya mbiyantu, lan saiki saya banget anggone mbudidaya marga saka gedhening piandele marang kowe.

23. Dene Titus, iku kancaku lan rewangku nyambut-gawe kanggo kowe; lan sadulur-sadulurku liyane iku padha dadi utusaning pasamuwan-pasamuwan lan minangka kaluhurane Sang Kristus.

24. Awit saka iku chinaning katresnanmu lan panglembanaku marang kowe kabeh iku tuduhna marang para sadulur mau ana ing ngareping pasamuwan-pasamuwan.

maca bab lengkap 2 Korinta 8