Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 6:3-18 Kitab Sutji (JAV)

3. Ing prakara apa bae aku ora padha gawe dhadhakan wong padha kesandhung, supaya anggonku padha leladi aja nganti dicacad.

4. Nanging ing sadhengah prakara aku nelakake manawa aku iki padha abdining Allah, yaiku: kebak kasabaran, sajroning nandhang sangsara, ing karupekan, lan ing reribed,

5. ing sajrone kasiksa, kakunjara lan pageger, rekasa, kepeksa melek, lan kepeksa ngelih;

6. ing kasucening ati, ing kawruh, kasabaran, lan kadarman; ing Sang Roh Suci lang ing sih katresnan kang salugu;

7. ing sajroning martakake kabeneran lan panguwaosing Allah; kanthi migunakake gegamaning kaadilan kanggo nempuh utawa nanggulangi

8. nalika diaji-aji lan nalika diremehake; nalika diundhat-undhat utawa nalika dialem; nalika kadakwa dadi juru apus, nanging dipracaya,

9. kaya wong kang ora ana kang wanuh, nanging kondhang; kaya wong kang meh mati, mangka padha urip, kaya wong kang disiksa nanging ora mati,

10. kaya wong kang sedhih, nanging tansah bungah-bungah, kaya wong kang mlarat nanging nyugihake wong akeh; kaya wongkang ora duwe apa-apa, nanging aku padha nduweni samubarang kabeh.

11. Aku wus kandha kanthi blak-blakan marang kowe, atiku menga amba tumrap kowe, he wong Korinta!

12. Kowe iku padha oleh papan kang jembar ana ing atiku, nanging aku mung koksadhiyani papan kang rupek ana ing atimu.

13. Mulane saiki, supaya padha-padha, -- anggonku pitutur iku kaya marang anak-anakku --: Atimu wengakna kang ngeblak!

14. Aja nganti kowe padha dadi rakitan kang ora timbang karo wong kang ora pracaya. Sabab kabeneran iku ana gegayutane apa karo duraka? Utawa kapriye bisane pepadhang tetunggalan karo pepeteng?

15. Apa ana jumbuhe Sang Kristus karo Belial iku? Panduman apa kang diduweni bebarengan dening wong kang pracaya lan ing wong kang ora pracaya?

16. Apa gegayutane padalemane Gusti Allah karo brahala? Awit kita iki padha dadi padalemane Gusti Allah kang gesang kayadene kang dipangandikake dening Gusti Allah mangkene:“Ingsun bakal dedalem bebarengan karo wong-wong mau,lan gesang ana ing tengah-tengahe,lan Ingsun bakal dadi Allahe,lan dheweke bakal padha dadi umat ingSun.

17. Mulane:Sira padha metua saka ing wong iku,lan sira misaha, mangkono pangandikane Pangeran,lan aja padha nggepok senggol samubarang kang najis,tumuli sira bakal padha Suntarimah.

18. Lan Ingsun bakal dadi Ramanira,sarta sira bakal padha dadi putraningSun lanang lan wadon.Mangkono pangandikane Pangeran, Kang Mahakuwasa.”

maca bab lengkap 2 Korinta 6