Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 6:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene aku iki ing sarehne padha dadi kanca tunggal ayahan, pituturku marang kowe kabeh, supaya aja nganti padha gawe muspraning sih-rahmate Gusti Allah, kang wus koktampani.

2. Sabab Gusti Allah ngandika:“Ing mangsa kang ngremenake Ingsun wus miyarsakake sira, lan ing dinane karahayon Ingsun wus mitulungi sira.”Satemen-temene, iya wektu iki wektu kang ngremenake iku; iya dina iki dinane karahayon iku.

3. Ing prakara apa bae aku ora padha gawe dhadhakan wong padha kesandhung, supaya anggonku padha leladi aja nganti dicacad.

4. Nanging ing sadhengah prakara aku nelakake manawa aku iki padha abdining Allah, yaiku: kebak kasabaran, sajroning nandhang sangsara, ing karupekan, lan ing reribed,

5. ing sajrone kasiksa, kakunjara lan pageger, rekasa, kepeksa melek, lan kepeksa ngelih;

6. ing kasucening ati, ing kawruh, kasabaran, lan kadarman; ing Sang Roh Suci lang ing sih katresnan kang salugu;

7. ing sajroning martakake kabeneran lan panguwaosing Allah; kanthi migunakake gegamaning kaadilan kanggo nempuh utawa nanggulangi

8. nalika diaji-aji lan nalika diremehake; nalika diundhat-undhat utawa nalika dialem; nalika kadakwa dadi juru apus, nanging dipracaya,

9. kaya wong kang ora ana kang wanuh, nanging kondhang; kaya wong kang meh mati, mangka padha urip, kaya wong kang disiksa nanging ora mati,

10. kaya wong kang sedhih, nanging tansah bungah-bungah, kaya wong kang mlarat nanging nyugihake wong akeh; kaya wongkang ora duwe apa-apa, nanging aku padha nduweni samubarang kabeh.

11. Aku wus kandha kanthi blak-blakan marang kowe, atiku menga amba tumrap kowe, he wong Korinta!

12. Kowe iku padha oleh papan kang jembar ana ing atiku, nanging aku mung koksadhiyani papan kang rupek ana ing atimu.

13. Mulane saiki, supaya padha-padha, -- anggonku pitutur iku kaya marang anak-anakku --: Atimu wengakna kang ngeblak!

maca bab lengkap 2 Korinta 6