Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 5:12-21 Kitab Sutji (JAV)

12. Awit aku ora padha mbecikake awakku dhewe maneh marang kowe, nanging aku padha aweh margane kowe bisa ngegung-egungake aku kabeh, supaya kowe bisa ngadhepi para wong kang gumunggung mungguhing lair, ora mungguhing batin.

13. Sabab manawa aku ora bisa ngemudheni dhiri, iku marga saka anggonku nindakake ayahaning Allah, lan saupama bisa, iku marga saka kowe.

14. Sabab iya sih katresnane Sang Kristus kang mbereg marang aku kabeh, awit aku wus padha sumurup, manawa wong siji wus mati kanggo wong kabeh, dadine kabeh wus padha mati.

15. Lan Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo wong kabeh, supaya wong kang padha urip, uripe ora lumadi marang awake dhewe maneh, nanging lumadia marang kang wus seda lan kang wus kawungokake marga saka wong-wong mau.

16. Mulane wiwit saiki aku ora padha mbobot sawiji-wijia wong maneh manut ukuraning manungsa. Lan manawa aku wus padha tau mbobot Sang Kristus cara kadagingan, saiki aku ora padha mbobot Panjenengane kanthi patrap mangkono maneh.

17. Dadi sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar: kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyata wus teka.

18. Lan kabeh iku pinangkane saka Gusti Allah, kang lumantar Sang Kristus wus ngrukunake kita kalawan Panjenengane lan kang wus masrahake ayahan karukunan iku marang aku kabeh.

19. Awit Gusti Allah lumantar Sang Kristus ngrukunak jagad karo Panjenengane Piyambak, ora ngetang panerake, lan masrahake pawarta karukunan iku marang kita.

20. Mulane aku iki iya padha dadi utusane Sang Kristus kaya-kaya Gusti Allah paring pitutur marang kowe kabeh lumantar aku; atas Asmane Sang Kristus panjalukku marang kowe: padha gelema karukunake karo Gusti Allah.

21. Panjenengane kang ora tepang karo dosa wus kadosakake marga saka kita, supaya ana ing Panjenengane kita kabenerake dening Gusti Allah.

maca bab lengkap 2 Korinta 5