Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 5:10-17 Kitab Sutji (JAV)

10. Sabab kita kabeh kudu padha ngadhep ana ing ngarsane dhamparing pangadilane Sang Kristus, prelu nampani ganjaran kang cundhuk karo kang padha kita lakoni dhewe-dhewe sajrone urip iki, dadia kang becik, dadia kang ala.

11. Kang iku sarehne aku padha sumurup ing bab wedi marang Gusti, mulane aku ngudi ngyakinake wong-wong. Tumrap Gusti Allah sedyaku iku wus cetha, lan pangarep-arepku uga mangkonoa tumrap kowe kabeh.

12. Awit aku ora padha mbecikake awakku dhewe maneh marang kowe, nanging aku padha aweh margane kowe bisa ngegung-egungake aku kabeh, supaya kowe bisa ngadhepi para wong kang gumunggung mungguhing lair, ora mungguhing batin.

13. Sabab manawa aku ora bisa ngemudheni dhiri, iku marga saka anggonku nindakake ayahaning Allah, lan saupama bisa, iku marga saka kowe.

14. Sabab iya sih katresnane Sang Kristus kang mbereg marang aku kabeh, awit aku wus padha sumurup, manawa wong siji wus mati kanggo wong kabeh, dadine kabeh wus padha mati.

15. Lan Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo wong kabeh, supaya wong kang padha urip, uripe ora lumadi marang awake dhewe maneh, nanging lumadia marang kang wus seda lan kang wus kawungokake marga saka wong-wong mau.

16. Mulane wiwit saiki aku ora padha mbobot sawiji-wijia wong maneh manut ukuraning manungsa. Lan manawa aku wus padha tau mbobot Sang Kristus cara kadagingan, saiki aku ora padha mbobot Panjenengane kanthi patrap mangkono maneh.

17. Dadi sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar: kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyata wus teka.

maca bab lengkap 2 Korinta 5