Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 5:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Awit aku padha sumurup, manawa omah kita tarub ing bumi iki kabongkar, Gusti Allah wus nyawisake panggonan ing swarga kanggo kita, kang langgeng, kang ora kagawe dening tanganing manungsa.

2. Salawe kita ana ing tarub iki, kita padha nggresah, marga kita kapengin banget ngenggoni yeyasan kang ana ing swarga,

3. kang ngungkuli papan panggonan kita kang saiki iki, ana ing kono kita ora bakal tinemu wuda.

4. Sabab salawase isih manggon ing tarub iki, kita nggresah lan kabotan, awit kita kapengin nganggo sadhangan kang anyar iku, ora nganggo cucul sandhangan kang lawas, supaya kang kena ing pati kauntala dening urip.

5. Nanging Gusti Allah kang malah nyadhangake kita marang bab iku, lan kang maringi Roh marang kita minangka panjering samubarang kang wus kacawisake marang kita.

6. Awit saka iku atiku tansah padha tatag, sanadyan aku padha ngreti, manawa salawase aku padha manggon ing sajroning badan iki, isih adoh karo Gusti, --

7. sabab urip kita iki sarana pracaya, ora sarana ndeleng --

8. nanging atiku padha tatag, lan aku kabeh malah seneng ngalih saka ing badan iki lan manggon ing jero ndherek Gusti.

9. Marga saka iku aku padha ngudi, sajrone aku padha manggon ing badan iki, utawa ana ing sajabane, supaya aku padha ndadekna ing kaparenge.

10. Sabab kita kabeh kudu padha ngadhep ana ing ngarsane dhamparing pangadilane Sang Kristus, prelu nampani ganjaran kang cundhuk karo kang padha kita lakoni dhewe-dhewe sajrone urip iki, dadia kang becik, dadia kang ala.

11. Kang iku sarehne aku padha sumurup ing bab wedi marang Gusti, mulane aku ngudi ngyakinake wong-wong. Tumrap Gusti Allah sedyaku iku wus cetha, lan pangarep-arepku uga mangkonoa tumrap kowe kabeh.

maca bab lengkap 2 Korinta 5