Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 4:6-12 Kitab Sutji (JAV)

6. Awit Gusti Allah kang wus ngandika, “Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!” iku uga kang nyorotake pepadhang ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyane Gusti Allah kang katingal ana ing wedanane Sang Kristus.

7. Nanging rajabrana kita iki kawadhahan ing grabah, supaya tetelaa manawa kakuwatan kang ngedab-edabi iku asale saka ing Gusti Allah, dudu saka awakku dhewe.

8. Mungguhing samubarang aku ki padha katindhes, nanging ora kejepit; aku padha kentekan akal, nanging ora kelangan pangarep-arep;

9. aku padha dikuya-kuya, nanging ora ditinggal ijen, aku padha kabanting, nanging ora nemu bilai.

10. Ana ing ngendi-endi aku tansah padha nandhang sangsarane sedane Gusti Yesus ing badanku, supaya gesange Gusti Yesus uga kawedhar ana ing badanku.

11. Awit aku kang isih urip iki, tansah kaulungake marang pati marga saka Gusti Yesus, supaya gesange Gusti Yesus kawedhar ing badanku kang ora langgeng iki.

12. Iya mangkono iku anggone si pati nandukake dayane ana ing badanku lan urip nandukake dayane ana ing kowe.

maca bab lengkap 2 Korinta 4