Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 4:13-18 Kitab Sutji (JAV)

13. Nanging sarehne aku padha kadunungan rohing pracaya kang padha, kaya ing tulisan, “Aku wus kumandel, mulane aku wus ngucap,” mulane aku iya pracaya lan marga saka iku aku uga ngucap.

14. Awit aku padha sumurup manawa Panjenengane kang wus mungokake Gusti Yesus, iya bakal nangekake aku uga bareng karo Gusti Yesus. Lan bebarengan karo kowe kabeh kasowanake ing ngarsane.

15. Awit iku kabeh kalakone marga saka kowe, supaya sih-rahmat kang sangsaya mundhak gedhe, marga sangsaya akehe wong kang manjing pracaya, ndadekna sangsaya lubere pangucap sokur kang konjuk ing kaluhuraning Allah.

16. Marga saka iku aku ora rumangsa semplah, malah sanadyan ta kamanungsanku kang lair sangsaya rusak, nanging kamanungsanku kang batin kaanyarake saben dina.

17. Awitdene sangsaraku kang entheng saiki iki, iku ngolehake kamulyan marang aku kang ngluwihi samubarang kabeh, banget anggone ngungkuli kasangsaranku.

18. Marga kang dakgatekake dudu kang katon, nanging kang ora katon, awit kang katon iku anane sawatara mangsa, mangka kang ora katon iku langgeng.

maca bab lengkap 2 Korinta 4