Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 4:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Kang iku sarehne aku wus padha nampani ayahan iki, marga saka sih-palimirmane Gusti Allah, mulane atiku ora nganti kemba.

2. Ananging aku padha nampik sakehing panggawe dhedhelikan kang nistha; aku ora tumindak kanthi paekan lan ora malsu pangandikaning Allah, nanging aku nglairake kayekten lan awit saka iku aku masrahake awakku supaya ditimbang-timbang dening wong kabeh ana ing ngarsane Gusti Allah.

3. Manawa Injil kang dakwartakake isih meksa katutup uga, mesthi iku katutup tumrap wong kang bakal padha nemu karusakan,

4. yaiku wong kang ora pracaya, kang angen-angene wus dipicakake dening allahe jaman iki, temahan wong mau ora padha ndeleng cahyaning Injile kamulyane Sang Kristus, kang dadi citrane Gusti Allah.

maca bab lengkap 2 Korinta 4