Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 3:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Apa aku wiwit ngalem marang awakku dhewe maneh? Utawa apa prelu aku kaya wong-wong liya nuduhake layang pangalembana marang kowe utawa saka kowe?

2. kowe iku layang pangalembanaku kang katulis ing atiku lan kang disumurupi sarta kang bisa kawaca dening wong kabeh.

3. Awit wus tetela, manawa kowe iku layange Sang Kristus, kang daktulis ing sajrone aku padha leladi, katulis ora nganggo mangsi, nanging nganggo Rohe Gusti Allah kang asipat gesang, dudu ing papan watu, nanging ing papan daging, yaiku ing atine manungsa.

4. Iya kaya mangkono iku gedhening kayakinanku marang Gusti Allah marga saka Sang Kristus.

5. Manawa aku dhewe ora bisa nganggep apa-apa iku pagaweanku dhewe; ora, anggonku bisa nindakake apa-apa iku marga saka pakaryaning Allah.

6. Panjenengane uag kang wus mbisakake aku padha dadi abdining prajanjian anyar, kang ora saka angger-angger kang katulis, nanging saka Roh, sabab angger-angger kang katulis iku mateni, dene Roh iku nguripake.

7. Pranatan leladi kang nuntun marang pati iku katulis ing watu kalawan aksara. Ewasamono nalika kaparingake sinartan kamulyaning Allah, kang njalari wong Israel padha ora betah nyawang marang wedanane Nabi Musa, marga kadunungan kamulyan, sanadyan kamulyan mau bakal sirna,

8. mendahane maneh ayahan ing Roh yen oraa kadunungan kamulyan kang ngluwihi iku.

9. Awit, manawa ayahan kang nekakake paukuman iku luhur, mendahane maneh ayahan kang ngolehake kabeneran yen oraa ngluwihi kamulyane.

10. Satemene apa kang biyen kaanggep luhur, iku dudu apa-apa manawa katandhingake karo kamulyan kang pinunjul iki.

11. Awit manawa kang bisa sirna bae kinanthenan kamulyan, apamaneh kang tetep ora sirna yen oraa kinanthenan kamulyan kang ngluwihi iku.

maca bab lengkap 2 Korinta 3