Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 2:4-9 Kitab Sutji (JAV)

4. Sabab anggonku nulis marang kowe iku ana ing satengahing kasusahan lan sumpeking ati kang banget lan kanthi ngruntuhake luh akeh, ora supaya kowe dadi sedhih, nanging supaya kowe padha sumurup sapira gedhene katresnanku marang kowe kabeh.

5. Dene manawa ana wong kang gawe sedhih, iku dudu atiku kang digawe sedhih, nanging kowe kabeh, utawa saora-orane -- supaya anggonku kandha ora dakbangetake -- wong sawatara ing antaramu.

6. Wong kang kaya mangkono iku wus cukup kaelikake dening wong akeh ing antaramu,

7. malah kosokbaline kowe padha ngapuraa lan nglipura wong iku, supaya aja nganti ngenes marga saka bangeting susahe.

8. Mulane pituturku marang kowe kabeh, supaya kowe padha nandukna katresnan marang wong mau.

9. Awit iya iku tujuane anggonku nulis layang marang kowe, yaiku kanggo ndadar kowe, apa kowe padha tetep mituhu ana ing samubarang kabeh.

maca bab lengkap 2 Korinta 2