Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 13:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Iki kang kaping telune anggonku nemoni kowe: Sahing prakara iku manawa wus ana katrangane saksi loro utawa telu.

2. Para wong kang ing wektu kang kapungkur padha nglakoni dosa, lan sakehe wong liyane, wus dakkandhani luwih dhisik lan bakal dakkandhani sapisan engkas -- saiki sajrone aku adoh karo kowe kabeh padha kaya nalika tekaku kang kapindho -- manawa aku teka maneh aku ora bakal ngeman sapa bae.

3. Marga kowe kapengin tandha yekti, yen Sang Kristus ngandika lumantar aku. Lan Panjenengane iku ora apes ana ing ngarepmu, malah nindakake panguwaose ana ing antaramu.

4. Sabab sanadyan Panjenengane wus kasalib marga saka kaapesan, nanging gesang awit saka panguwaose Gusti Allah. Pancen aku kabeh iki apes ana ing Panjenengane, nanging bakal padha urip bebarengan karo Panjenengane marga saka panguwaose Gusti Allah kanggo kowe.

5. Dadaren awakmu dhewe, apa kowe padha lestari dumunung ing pracaya. Titinen awakmu! Apa kowe ora yakin tumraping awakmu, manawa Sang Kristus Yesus dumunung ana ing kowe? Awit yen ora mangkono, kowe dadi tampikan.

6. Nanging pangarep-arepku, kowe bakal padha sumurup manawa dudu aku kang padha dadi tampikan.

7. Pandongaku marang Gusti Allah, supaya kowe aja nindakake piala, ora supaya aku padha katitika kanggo, nanging supaya kowe padha nglakonana apa kang becik, sanadyan aku dhewe katona padha kaya dadi tampikan.

8. Marga aku kabeh padha ora bisa nglakoni apa-apa kang nyulayani kabeneran, nanging kang bisa daklakoni yaiku kang cundhuk karo kabeneran.

9. Awit aku padha bungah, manawa aku apes lan kowe padha rosa. Dene kang padha daksuwun, yaiku supaya kowe dadi sampurna.

maca bab lengkap 2 Korinta 13