Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 12:9-21 Kitab Sutji (JAV)

9. Nanging paring wangsulane Gusti marang aku: “Sih-rahmatingSun iku nyukupi marang sira, awit kuwasaningSun iku malah kasampurnakake ana ing sajroning kaapesan.” Awit saka iku aku luwih seneng ngegung-egungake kaapesanku, supaya panguwaose Sang Kristus dumunung ana ing aku.

10. Mulane aku seneng lan rila ana ing kaapesanku, ing sajroning kasiksa, ing karibedan, ing panguya-uya lan karupekan marga saka Sang Kristus. Awit yen aku apes, iku aku kuwat.

11. Aku wus dadi tanpa budi temenan, nanging kowe kang padha meksa marang aku. Benere aku kokalembana. Awit sanadyan aku ora ana tegese babar pisan, nanging ing samubarang kabeh aku ora kalah karo para rasul kang pinunjul iku.

12. Titikane yen aku dadi rasul iku wus kacihna ana ing antaramu kalawan sakehing sabar-mantep, kalawan pratandha-pratandha, mukjijat-mukjijat lan kasekten-kasekten.

13. Sabab kakuranganmu apa yen katandhing karo pasamuwan-pasamuwan liyane kajaba mung saprakara, yaiku manawa aku dhewe ora nganti dadi gawemu? Anggonku ora adil iki apuranen!

14. Satemene iki wus kang kaping telune anggonku cecawis arep nemoni kowe, lan aku ora bakal dadi gawemu. Awit dudu barang darbekmu kang dakgoleki, nanging kowe dhewe. Marga dudu anak-anak kang padha wajib nglumpukake bandha kanggo wong tuwane, nanging wong tuwa kanggo anak-anake.

15. Awit saka iku aku kalawan bungah ngetohake barang darbekku, malah ngetohake awakku kanggo kowe kabeh. Dadi manawa aku banget tresnaku marang kowe, masa iya saya suda anggonku ditresnani?

16. Ya pancen mangkono, aku dhewe ora dadi gawemu, nanging kandhamu, sarehne aku iki julig, kowe dakpikat kalawan akal.

17. Dadi apa wus tau aku njupk kauntungan saka kowe lumantar sawijining wong saka ing antarane wong-wong kang dakkongkon nemoni kowe?

18. Pancen aku wus njaluk tulung marang Titus supaya mangkat lan aku banjur akon sadulur liyane iku supaya ngancani dheweke. Apa Titus njupuk kauntungan saka kowe? Apa aku sakloron ora lumaku manut roh kang padha, lan apa aku sakloron ora lumaku manut cara kang padha?

19. Wus kepara suwe anggonmu padha ngira, manawa aku bakal mbenerake awakku dhewe ana ing ngarepmu. Nanging aku kandha ana ing ngarsane Gusti Allah lan demi Sang Kristus, yen kabeh iku, sadulur-sadulur kang kinasih, tumindake kanggo mbangun pracayamu.

20. Awit aku sumelang, manawa besuk samasa aku teka, kowe ora padha tinemu kaya kang dakkarepake lan kowe ketemu aku oa kaya kang padha kokkarepake. Aku sumelang ing bab anane pasulayan, kamerenan, brangasan, mung mikir awake dhewe, pitenah, panyatur ala, kumenthus, lan rerusuh.

21. Aku sumelang manawa aku teka maneh, Allahku bakal ngesorake aku ana ing ngarepmu, sarta aku bakal ngrudatin awit dening wong akeh kang ing wektu kapungkur padha nglakoni dosa lan aku bakal susah banget, marga anane wong akeh, kang dhek biyen padha nglakoni dosa mangka durung mratobat, ninggal panggawe kang jember, laku jina lan pamblunthah kang padha dilakoni.

maca bab lengkap 2 Korinta 12