Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 12:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku kudu gumunggung, sanadyan iku pancen ora ana paedahe, ewasamono aku arep martakake bab tetingalan lan wahyu-wahyu kang daktampa saka Gusti Allah.

2. Aku weruh sawijining wong Kristen; patbelas taun kapungkur -- embuh ing sajroning badan, aku ora mangreti, embuh ing sajabaning badan, aku ora ngreti, Gusti Allah kang nguningani -- wong iku dumadakan diangkat menyang ing tataran kang katelu ing swarga.

3. Aku iya weruh wong iku, -- embuh ing sajroning badan embuh ing sajabaning badan, aku ora ngreti, Gusti Allah kang nguningani --

4. dumadakan diangkat menyang ing Pirdus lan dheweke krungu pangandika kang ora kena dikandhakake, kang ora kena kaucapake dening manungsa.

5. Iya wong iku kang dakegung-egungake, nanging awakku dhewe ora bakal dakegung-egungake, kajaba mung bab kaapesanku.

6. Awit saupamane aku arep ngegungake awak, aku ora bakal tanpa budi maneh, awit aku ngandelake kabeneran. Nanging atiku dakpekak, supaya aja ana wong kang ngukur awakku luwih saka apa kang dideleng ana ing aku utawa kang dirungu saka aku.

7. Lan supaya aku aja ngunggul-unggulake awak marga saka anane wahyu-wahyu kang linuwih iku, aku banjur kaganjar eri ing dagingku, yaiku sawijining kongkonane Iblis kang dikon mbitheni aku, supaya aku aja nganti ngunggul-unggulake awak.

maca bab lengkap 2 Korinta 12