Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Korinta 1:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Saka Paulus, kang awit saka karsaning Allah dadi rasule Sang Kristus Yesus, lan saka Timoteus sadulur kita, marang pasamuwaning Allah ing Korinta karo sakabehing won suci ing sawrtanin tanah Akahya.

2. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus anaa ing kowe kabeh.

3. Pinujia Gusti Allah, kang Ramane Gusti kita Yesus Kristus, Rama kang kebak sih palimirma lan Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur,

4. kang nglipur aku kabeh ing sajroning kasusahanku, satemah aku bisa nglipur wong-wong kang nandhang sarupaning kasusahan kanthi panglipur peparinge Gusti Allah marangaku dhewe.

5. Sabab kaya anggonku padha nampani panduman ing sangsarane Sang Kristus kalawan luber, samono uga marga saka Sang Kristus aku padha kaparingan panglipur nganti luber.

6. Yen aku padha nemu kasusaha, iku dadi panglipur lan karahyonmu; dene yen aku padha kalipur, iku iya dadi panglipurmu, satemah kowe padha oleh kakuwatan kang njalari kowe padha sabar ing sajroning kasangsaran kang padha kaya kang daksandhang.

maca bab lengkap 2 Korinta 1