Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Yokanan 5:4-14 Kitab Sutji (JAV)

4. amarga sadhengah apa kang laire saka ing Allah iku ngalahake jagad. Anadene kaunggulan kang ngalahake jagad iku yaiku pracaya kita.

5. Sapa ta kang ngalahake jagad, kajaba wong kang pracaya, manawa Gusti Yesus iku Putrane Gusti Allah?

6. Iya iki kang rawuhe sarana banyu lan getih, yaiku Gusti Yesus Kristus, ora mung kalawan banyu bae, nanging kalawan banyu lan getih. Dene Roh iku kang paring paseksen, amarga Roh iku kayekten.

7. Awit ana telu kang padha jumeneng dadi seksi (ana ing swarga: Sang Rama, Sang Sabda lan Roh Suci. Sarta katelune iku dadi siji.

8. Lan uga ana telu kang dadi seksi ana ing bumi). Roh, banyu lan getih lan telu-telune iku padha dadi siji.

9. Manawa kita padha nganggep marang paseksene manungsa, paseksene Gusti Allah iku ngluwihi, amarga iya mangkono iku paseksene Gusti Allah, kang diparingake ing ngatase Kang Putra.

10. Sapa kang pracaya marang Putraning Allah, iku nduweni paseksen mangkono ana ing batine. Sapa kang ora pracaya marang Gusti Allah, iku dadine nganggep Panjenengane dora, amarga ora ngandel marang paseksen kang wus dilairake dening Gusti Allah bab ing ngatase Kang Putra.

11. Anadene kang dadi paseksene: Kita wus padha kaparingan urip langgeng dening Gusti Allah, lan urip iku dumunung ana ing Kang Putra.

12. Sapa kang nduweni Sang Putra, iku nduweni urip. Sapa kang ora nduweni Putraning Allah, iku ora nduweni urip.

13. Anggonku nulis prakara iki mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe kang padha pracaya marang asmane Putraning Allah padha sumurupa, yen kowe kabeh iku padha nduweni urip langgeng.

14. Anadene anggon kita tatag ing pracaya marang Gusti Allah iku jalaran manawa kita padha nyuwun apa-apa marang Panjenengane, kang nyondhongi ing karsane, mesthi disembadani.

maca bab lengkap 1 Yokanan 5